Undangan Kipas Plus Kemasan Kotak Magetan

Undangan Kipas Plus Kemasan Kotak
bahan: Kain+Buffalo
Versi Jawa

Purwantoro, Oktober 2014

Bismillahirrohmanirrokhim ..

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nambut Silaning Akrami

Dyah Nurita Wulandari, SE
Putri Bapak Sunar(Selep) & Ibu Warni(Bkl Beras)
Karanglo Rt 02/III Tegalrejo Purwantoro
Daup kalian

Eko Prasetyo, Amd. Kom
Putra Bapak Sutopo & Ibu Surati
Ngluweng RT 25/04 Sarangan Plaosan Magetan

Sisi Kiri

Dhaup Suci :
Dinten : Senen Kliwon, Suryo Kaping : 13 Oktober 2014, Wanci Tabuh : 08.00 WIB, Mapan ing griyo kulo Karanglo Tegalrejo Purwantoro, Wonogiri

"Lan saka sawenehe ayat tandha yekti kasapurnaning kekuasaa-Ne Allah, yaiku Panjenenga-
Ne wus nitahake tumprap sira kabeh pirang-pirang jodho saka jenis awakiro supoyo siro padha tentrem kalawan dheweke lan panjenengan-Ne adamel kesenengan lan rasa asih ana ing antara nira, sanyata kang mangkono iku temen dadi tandha yekti tumprap wong kang padha gelemmikir".
Ar-Ruum : 21

Ingkang Pinanggih bahagyo,
Dyah & Eko

Winantu Sagunging Pakurmatan,

Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri Penganten Anak Kula,

Dinten : Senen Kliwon – Seloso Legi, Suryo Kaping : 13-14 Oktober 2014, Wanci Tabuh : 13.00 WIB, Mapan ing griyo kulo Karanglo Tegalrejo Purwantoro, Wonogiri

Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya

Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwu Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.
lokasi: Magetan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar